Mitos Pendakian Gunung Slamet

Mitos Pendakian Gunung Slamet

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Tulisan/artikel kiye kudu diterjemahna ming basa Banyumasan.

Tulisan/artikel kiye urung / tembe diterjemahna sebagian. Mangga ngewangi ngelanjutaken. (Deleng juga pedoman alih basa.)Bab lan paragraf [delikna]
1 Prakata
2 Syarat & Pantangan
3 Juru Kunci
4 Pantangan Liyane
5 Dina Pantangan


Prakata

Menurut ceritane wong tua, Gunung Slamet pancen mandan sejen/beda karo gunung-gunung liyane nang tlatah Jawa, Gunung Slamet pancen dudu gunung sing biasa didaki mung kanggo tujuan wisata/rekreasi, hobi utawa mung sekedar pengin naklukaken. Pendakian meng puncak Gunung Slamet biasane kanggo tujuan-tujuan khusus umpamane merga ana alesan spiritual, mulane pendaki-pendaki kudu nglengkapi syarat-syarate ndisit.


Syarat & Pantangan

Pendaki kudu nggawa kembang, Kemenyan, karo kudu ana Juru Kunci sing njujugna. Cok-cokan pancen ana pendaki sing ora nggawa syarat-syarat kuwe ningen asal tingkaeh ora kebangeten, dheweke bisa slamet paling-paling pendaki kuwe ngalami utawa ndeleng kedaden-kedaden sing mandan aneh, ning ora mbahayani jiwane.

Pantangan sing paling penting tur kudu dieling-eling jan aja nganti dilanggar kuwe cawaran utawi aja nylemong sekarepe dewek.


Juru Kunci

Ana papat wong sing dipercaya ning sekitar kawasan lereng gunung Slamet. sing pertama Warsito sekang desa Sirameng sing ngewarisi sekang buyute: Nini Manten Sarak, juru kunci wadon ning jaman Belanda. Nini Manten Sarak mau keturunan pertama juru kunci sekang desa Siremeng.

Juru kunci keloro Sumedi, keturunan Mbah Naprawi, juru kunci sekang Bambangan.

Ketelu, Warjono, sekang Jurangmangu, Kecamatan Pulosari, Kabupaten Pemalang.

Terakhir jenenge Karsad sekang Dukuh Liwung, Guci, Tegal.

Para pendaki sing lewat salah siji sekang patang juru kunci mau bisa dipastikna bakal aman. Soale munggah Gunung Slamet beda karo munggah gunung-gunung liyane. Aturanne para pendaki kudu diterna neng juru kunci. Mergane juru kunci mau wong-wong sing terpilih lan mereka kudu nglengkapi syarat sing ora bisa dibantah, yakuwe kudu wong sing nduweni garis keturunan dina kelairan Setu Wage.


Pantangan Liyane

Saliyane ora olih sembarang ngucap, pantangan liyan sing kudu dipatuhi kuwe pendaki ore olih mesum karo ora olih nyekel dengkul. Pantangan kaping loro bisa dianggepe wajar sebabe ora mung nang gunung Slamet, nang ngendi bae ding dianggep keramat, wong sing teka ora olih mesum. Tapine pantangan sing terakhir kiye mandan ora mlebu nang akal. Tapi, ya kaya kuwe kenyataane. Pendaki sing nyekeli dengkul pas manjat, bisa dipastikna ora bakalan tekan puncak.Iya soale uwis kekeselen dadine nyekeli dengkul bae. Aja kaya kuwelah.ngomong sing bener bae ben wong wong ora wedi munggah ming gunung slamet. Soale makin akeh sing munggah mestine makin akeh maning pemasukan nggo wong sekitare ( brambangan sekitare ). Sing jelas gunung slamet is the best-lah di banding gunung gunung liyane.

Dina Pantangan

kejaba kuwe,ana dina-dina tertentu sing ora olih dinggo ndaki. maksude, nang dina-dina kuwe pendaki ora olih babar blas munggah gunung Slamet. aja maning pendaki, juru kunci bae ora wani munggah nang dina-dina larangan. Dina-dinane yakuwe:'Minggu Legi, Slasa Legi, Setu Paing, Minggu Paing. kejaba dina kuwe, juru kunci pasti seneng banget nganter pendaki.

Sing ndadekna beda Gunung Slamet kuwe bahwa pendaki sebenere kudu ngagawa kembang lan kemenyan. Maksude kanggo sesajen marang sing mbaureksa gunung Slamet. Sebenere Gunung Slamet dudu kanggo refresing atawa nyalurna hobby tok. Nanging luwih saka kuwe gunung Slamet sebenare kaya panggonan sing kanggo wong memohon supaya kekarepane dikabulna. Hal kuwe dibuktekna anane syukuran warga masyarakat sekitar saben tanggal siji sura(1 Muharam). Syukuran kuwe awujud tumpeng kendit, diarani ngono soale tumpeng kuwe digawe saka beras abang sing tujukna kanggo para leluhur nang Gunung Slamet.

Ana pengalaman sing dialami kancaku saka brebes ( wis limasan tahun kepungkur ). Critane rombongan mahasiswa pencinta alam saka Semarang lagi ngadakna pendakian maring Gunung Slamet, salah sijine kuwe ya kancaku sing asal brebes. Nang perjalanan balik saka pendakian embuh priben critane ana kanca siji sing kesingsal. diluruh tekan saiki durung ketemu. Saat kuwe dicritani karo wong pinter jarene kancaku nemuni dalan liya sing dikira dalan bener jebule dalan sing nuju maring alam liya. Mergane jare wong pinter kuwe kancaku ngglanggar salah sijine larangan sing kudu dihindari. Wallahualam.......
0 Responses